اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ Ling iling menungso kang podo ngguyu Urip iki mung numpang mangan turu Ojo gawe neko-neko ing uripmu Gusti Allah moho ningali moho krungu Kabeh menungso iku wis den prentah Dzikir awan lan bengi kudu betah Lan elingo sholatmu kudu jamaah Ajako dulur tonggo nggelar sajadah Malaikat Izrail ing mburimu Makhluk Allah kang ngeto’ke nyowomo Ora iso den tingal tur den krungu Ngenteni prentah gusti Allah kapan wektu Jero kubur banget peteng banget sepi Malaikat Mungkar Nakir wis ngenteni Lan nyekeli gagang landep soko wesi Bakal nujleb soko weteng tembus mburi Suargo iku kratone widodari Sak apike panggone wong kang bali Madu mbludak susu ngalir ing kali Gusti Allah dzat kang nepati janji
The Real Lifestyle Blog